MAT PITHI JAGOAN NEON
Mat Pithi pancen bethike gak ketulungan.
Masih bapakne kaji, Mo-Limo wis dilakoni.
Korak, balon, germo, tukang parkir sak Kermil kenal kabeh karo arek
Dinoyo Gang Limo iki.
Tapi sak wise Suharto nggelundung, kelakuane rodok apik.
Mat Pithi gak tau ugal-ugalan maneh.
Lek ditakoni koncone, “Mat raimu sik mbalonan tah ?”.
“Mathek ketubruk montor, tanganku kithing aku wis tobat cuuk…!”, Mat
Pithi ngotot.
Modele morale arek iki melu reformasi pisan.
Saiki kesibukane Mat Pithi meguron nang Kaji Kholil, guru ngaji soko
Ampel.
Segala ilmu disinaui.
Mulai ilmu kebal sampe ilmu gendhing, wedhokan wis dilakoni.
Jangkep limang wulan meguru, Mat Pithi diwekasi gurune “Mat…, ilmu
sing mbok sinaui wis jangkep. Tapi lek koen kepingin ningkatno mane, koen topo
wae ning Gunung Batok.”.
Ngeroso ilmune sik kurang, Mat Pithi berangkat topo ning Gunung Batok.
Arek iki bener-bener nueee....kat.
Deweke topo, terus gak atik turu nang guwo, gumbul karo jerangkong,
sundel bolong, tuyul, wis pokoke sembarang kalir.
Pas dino ke-pitu, bengi pisan, ono wong tuwo muncul nang guwo iku.
Wong tuwo iki langsung ngomong “Mat..mat..! , gak ono wong sing
sanggup topo koyok koen nang guwo iki”.
Mat Pithi gak ngreken, karo ngguyu
nang jero ati ( gendeng arek iki…).
“Wis koen lungo ae…”, si Mbah rodhok nyentak.
Gak kalah galak, Mat Pithi njawab “Moooohhhh…!”.
“lho ojo ngonoo..rek. ..!”, si Mbah langsung kalem, kalah galakkk..
“Aku gelem ninggalno guwo iki tapi ono sarateee… , kabeh penjaluk – an
ku kudu mbok kabulno”, Mat Pithi negesno.
Gak atik mikir dowo-dowo, si Mbah
langsung ngomong “wis ngene ae, koen iso njaluk opo ae tak kabulno, tapi mek
ping telu thok“.
Karo mikir gak sepiro suwih, Mat Pithi njawab “O.K…!”
“Mbah.., rupoku iki lak gak sepiro elek, eehh….! gak sepiro ganteng,
aku kepingin duwe rupo koyok bintang pilem Bary Prima bekas bojone Eva Arnaz.
Si Mbah njawab “Le..le.. saiki koen mulio..., tekan omah rupomu wis
gak koyok meduro maneh..!.
Langsung, Mat Pithi ngibrit moleh numpak jaran sewoan.
Tekan omah langsung ngoco.
“Wiik…guanteng temen aku saiki rek…!”, Mat Pithi kaget ndelok dapurane
gak koyok biyen mane. Tapi Mat Pithi jik gak puas.
Pikire mosok rai koyok Barry Prima tapi awak koyok Timbul Srimulat.
Sisuk bengine, Mat Pithi balik maneh nang Gunung Batok nemoni Mbak
daden-daden iku.
“Mbah..mbah. . , raiku wis guanteng koyok bintang pilem nang tipi - tipi
iku.
Tapi awak- ku jek kuru keceng. Dadekno awak ku - koyok Barry Prima, ojok mek rai thok”, Mat
Pithi nerangno penjalukane sing ke loro.
Komat-kamit diluk si Mbah langsung ngongkon Mat Pithi moleh karo
njamin lek awake mesti dadi dempal koyok Barry Prima.
Tekan omah Mat Pithi langsung ngoco.. Ndelok awake sing dadi dempal
iku Mat Pithi seneng banget. Pikire cewek sak suroboyo mesti kepincut karo
awake. Urung suwih senenge, Mat Pithi moro-moro mecucu wae sak wise metu teko
jeding.
Rupane “manuke” gak melu dempal. Gamblese Mat Pithi jik podo karo
biyen cilik lan bungkring.
Mat Pithi dadine kepikiran terus.
Njaluk nang Mbah maneh…, eman polahe jatahe wis kari pisan. Tapi timbangane
urip duwe manuk sak ipret, Mat Pithi
nekat ngenthekno jatah penjaluk - ane.
“Mbah..mbah. . mbah…” Mat Pithi jerit-jerit nang guwo Gunung Batok.
Dienteni sampek elek gak muncul - muncul Si Mbah iku.. Tapi persis
sepuluh menit sak durungi maghrib, Si Mbah muncul..
“Mat..Mat.., jatah penjalukmu ojo dientekno. Eman - emanen kanggo mene
– mene ” Si Mbah nguwei nasehat.
“Mooh..emooh. . .!”, Mat Pithi njawab karo matane rodhok mbrebes mili.
“Mbah tolong Mbah…, awak- ku karo raiku wis persis koyok Barry Prima,
tapi “barang”- ku sak umprit koyok slilit” Mat Pithi melas.
“Tolong mbah dadekno “barangku” koyok jaranku sing tak sewo iki”, Mat
Pithi tambah melas. Modele arek sing biasa nekat iki “putus asa”.
“Aku isin Mbah…!”, ambek suoro sing rodok serak, goro - goro kudu
nangis.
“Mat…..sediluk engkas barangmu koyok barange jaranmu iku”.
“Suwun..suwun. .suwun Mbah…, iki sing terakhir koq”,
Mat Pithi girang. Sampek gak sempet pamit, Mat Pithi moleh,
plenciiing.. .!. Tapi gurung tekan omah, Mat Pithi mikir, kaget…, moto mbrebes
mili…, cangkep mewek…, Mat Pithi nangis karo gerooo – gerooo............
“JUANCUUUK JARANKU WEDHOOK…”.
Mat…., nasibmu elek masio rupamu ganteng, awakmu dempal lek duwe
“kimpet” yoo nggilani…hi. .hi…hi.....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar