MBAH
JO MODARRR....
![]() |
| Dargombes ( Darno nggombeli Besan ne ) |
Mbah Jo dirawat
ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane
wis kronis, irunge sampek dipasangi selang.
Wis
pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing
ketap-ketip.
Dikiro wis
wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas mudhine
enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok ambekan, raine pucet,
tangane gemeter.
Nganggo bahasa
isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.
Anake ngerti
maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek megap-megap, mbah Jo nulis surat.
Karo siso-siso
tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine.
Ambek Pak
Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat
saiki, pikire pak Mudhin.
Mari ngesaki
surat pak Mudhin nerusno ndungone.
Gak sui mari
ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing
kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.
Pas selametan
pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin
ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe’e nganggo klambi batik sing digawe pas
mbah Jo mangkat.
Lha ndhik sake
lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire pak
Mudhin.
“Derek-derek
sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak sampekno nang peno
kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune
kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi
surate”.
Mari ngono pak
Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..
HEEE.....DHIN,
MUDHIN... NGALIO.... !!! OJOK NGADHEK-I ,
SLANG OXIGENKU...DOBOLLL... !!!

Tidak ada komentar:
Posting Komentar